Jaman ndisik ora ono listrik onone lampu teplok yen metu nganggo obor ( suluh), budal dolan opo ngaji bebarengan.
Naliko semono bocah cilik orandue wedi ora mentelengi tv, dolanan
ning latar ning mburitan ning tegalan ora kawatir ilang, bocae dadi
pinter sekolae podo temen panganane yo mung sego sekepel.
Wayah padang mbulan simbok- simbok podo cerita ning pelataran,
bapak-bapak podo tetek ning pinggir dalan karo udutan, bocah e podo
playon do dolanan, nyuluh jangkrik ning tegalan, podo delikan ning
grumbulan, yen kewengen podo turu ning rondan.
Jaman saiki ? Embuuhlah… rasake dewe luur… Opo iki sing jenengen
kemajuan, kabih sarwo mapan, hiburane ngedep tv acara ndandutan, arep
dolan ning njobo dikiro wong edan, arep playon karo anake malah koyo
maling kambuhan, arep nyuluh jangkrik dianggep kurang gawean, ngajak
nyanyi dolanan kalah karo lagu opolosan…
Embuhlah lee… Besok koe bakal kepiye ceritane.
jawamu kari ceritone
Jenengmu wae wis ora oni jawane
Lakumu wis orandue dugo
Omonganmu wis koyo wong liyo
Kiblatmu wis monconegoro
Panganmu wes ora doyan telo
Dolananmu gawean soko londo
Wong jowo kwi ora bakal iso dadi londo, ora guno niru budoyo liyo, dadio awake dewe ora usah sulap karo bongso liyo.
Wong jowo kwi ditakdirke ngrumat budoyo, sing ngawal jaman ben ora
bablas ora karuan, Urip tentrem Ayem, atine bungah narimo ing pandum,
lakune kalem lan wicaksono.
Sumber http://mbelinger.com
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
0 komentar:
Post a Comment